Boss Nyolowadhi
Sawijinîng dhino, Tukijo dhidawuhi supoyo ngawasi staff2 kantor. Saben dhino ono2 baé saff sîng dhisenèni.
"Kówé kok ndhableg, to ?"
"Lha, boss ugi mekaten, kok"
"Bédho, nèk boss jenengé dhudhu ndhableg, nangîng konsisten, kukûh panemuné"
"Kówé kok plinthat plinthut lan méncla ménclé, to ?"
"Lha, boss ugi mekaten, kok"
"Bédho, nèk boss rak luwes utowo fleksibel"
"Kówé nèk temandhang kok klelar kleler, to ?"
"Lha, boss ugi mekaten, kok"
"Bédho, nèk boss rak tlesih, setiti ngati-ati"
"Kówé nèk temandhang kok srudhag srudhug grusa grusu koyo ngono, to ?"
"Lha, boss ugi mekaten, kok"
"Bédho, nèk boss rak prigel, tandhangé cèkat cèket"
"Kówé kok pijer gojag gajeg koyo wong telmi, to ?"
"Lha, boss ugi mekaten, kok"
"Bédho, nèk boss rak mikir jero lan mateng"
"Kówé nèk mutusi kok kecepeten, grusa rusu, to ?"
"Lha, boss ugi mekaten, kok"
"Bédho, nèk boss rak tegas, cepet mutusi"
"Kówé nèk mutusi kok kewanèn tûr sembrono, to!"
"Lha, boss ugi mekaten, kok"
"Bédho, nèk boss rak kendhel ngadepi resiko"
"Kówé nèk temandhang kok mbeler, gawéné nyalahi prosedur, to ?"
"I : Lha, boss ugi mekaten, kok"
"Bédho, nèk boss rak tandhangé inopatip, pinter gawé trobosan"
"Kówé nèk temandhang kok jirih, óra wani ngadepi resiko, to ?"
"Lha, boss ugi mekaten, kok"
"Bédho, nèk boss rak gedé pengati-atiné"
"Kówé kok kengiriten, koyo wong uthil, to ?"
"Lha, boss ugi mekaten, kok"
"Bédho, nèk boss rak gemi kanggo matrapaké efisiensi"
"Kówé kok gemampang, ngrèmèhké panggawé yan, to ?"
"Lha, boss ugi mekaten, kok"
"Bédho, nèk boss rak optimistik"
"Kówé kok lancang, nerak wewenang, to ?"
"Lha, boss ugi mekaten, kok"
"Bédho, nèk boss rak sugîh inisiatip"
"Kówé kok gawéyané klayapan, to ?"
"Lha, boss ugi mekaten, kok"
"Bédho, nèk boss rak lagi nyerpis panggedé2"
"Kówé kok senengané ngolor atasan, to ?"
"Lha, boss ugi mekaten, kok"
"Bédho, nèk boss rak lagi lobying"
"Kówé kok kakèhan njalûk fasilitas kantor sîng méwah2, to ?"
"Lha, boss ugi mekaten, kok"
"Bédho, nèk boss rak kanggo njogo citra perusahaan"
"Kówé kok senengané ngojok2i karyawan koyo prodokator, to ?"
"Lha, boss ugi mekaten, kok"
"Bédho, nèk boss rak lagi dhadhi motidator"
- Rajah Jari
- Beranda
- Artikel2
- Rajah Tokoh
- Pria2 Jantan / Betina
- Wanita2 Jantan / Betina
- Rajah Jagal
- Anggota2
- Rajah Tokoh & Selebriti
- Aming
- Antasari Azhar
- Anwar Ibrahim
- Bambang Trihatmojo
- Broke Shield
- Carissa Putri
- Dede Yusuf
- Eddy Silitongga
- Elsa Manora Nasution
- Ès Béyé
- Fadel Muhammad
- Gianni Versace
- Indra Bruggman
- Ingrid Wijanarko
- Inul Darastita
- Julia Perez
- Mayangsari
- Nasrudin Zulkarnaen
- Nia Zulkarnaen
- Rachmat Kartolo
- Rano Karno
- Rhani Juliani
- Ria Irawan
- Sri Mulyani
- Syekh Puji
- Ully Artha
- Tamara Geraldine
- Montor Udug
- Dagelan
- Inspirasi
- Beranda
- Sikap Kerja
- Locus of Control
- Citra Diri
- Dasar2 Kapitalisme
- Managerialship
- Entrepreneurship
- Investorship
0 responses to "Boss Nyolowadhi"