21.19 | Posted in
Wawancara Trèmbèlané

Tukijo dhidawuhi nampiki pelamar maneh
"Kówé mau mréné numpak opo ?"
"Nitîh mobil"
"Kówé óra Ketompo"
"Sebabipûn ?"
"Saiki BBM mundak terus, mengkó kówé njalûk mundak bayar terus"
"Wo, kulo wau namûng mboncèng, kok"
"Tambah óra ketompo"
"Lhó, lha kok ... ?"
"Mengkó mûng gawéné mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi !"

Calon liyo :
"Anakmu akèh opo sithîk ?"
"Kathah"
"Kówé óra Ketompo"
"Sebabipûn ?"
"Nyambût gawému óra jenjem, mûng mikir gawé anaaaaaak terus"
"Wong namûng anak adopsi, kok"
"Tambah óra ketompo"
"Lhó, lha kok ... ?"
"Gawé anak baé aras2en, opo manèh nyambût gawé"

Calon liyo :
"Kówe wîs ngerti gawéyanmu dhurûng ?"
"Dhèrèng"
"Kówé óra Ketompo"
"Sebabipûn ?"
"Arep nyambût gawé kok óra ngerti gawéyané ?"
"Wo, nèk dhamelan niku mpûn ngertos kok"
"Tambah óra ketompo"
"Lhó, lha kok ... ?"
"Kówe rak mûng arep keminter, to ?"

Calon liyo :
"Kówe ngerti kahanan kantor kene dhurûng"
"Dhèrèng"
"Kówé óra Ketompo"
"Sebabipûn ?"
"Arep nyambût gawé kok óra ngerti kantoré ?"
"Wo, sekedék2 mpûn ngertos kok"
"Tambah óra ketompo"
"Lhó, lha kok ... ?"
"Kówe senengané ngudal-udal wewadhi kantor, to ?"

Calon liyo :
"Kówe kerep loro ?"
"Mboten"
"Kówé óra Ketompo"
"Sebabipûn ?"
"Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gerîng"
"Wah, sakjanipûn nggîh asrîng"
"Tambah óra ketompo"
"Lhó, lha kok ... ?"
"Kantor iki óra nompo karyawan pileren"

Calon liyo :
"Kówe biso maîn Internet ?"
"mBoten"
"Kówé óra Ketompo"
"Sebabipûn ?"
"Perusahaan óra nompo BI (Buta Internet)"
"Wah, sakjanipûn nggîh saget"
"Tambah óra ketompo"
"Lhó, lha kok ... ?"
"Mesthi mûng óra nyambût gawé, kakèhan dhólanan Internet, to ? Ngenték-entekké pulsa !"

Category:
��

Comments

0 responses to "Wawancara Trèmbèlané"